Agen Terpercaya  
 
 
 
Pasang iklan, hanya lewat Contact Us.
Waspada penipuan iklan. Klik di sini untuk melihat daftar penipu.

Keluarkan Receh Kalian, Lucu Ga Lucu penting Receh

Nginceng Wong Turu
Kamut, Gempil ambek Togog enak-enak cangkruk di sore hari.
Moro-moro Romlah, anake Pak Imron, liwat numpak sepeda.
Arek telu iku langsung ngowo ndhelokno.
" Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?" jare Kamut.
"Lek turu yo merem rek. Lak mosok koyok awakmu, lek turu nyengir koyok jaran" jare Gempil.
"Maksudku, klamben tah gak ngono lo". jare Kamut.
"Lek ngono, engkok bengi diinceng tah ?" jare Gempil gunggungan.
"Wah iyo rek tepak rek." jare Kamut.
Lha Togog iku awake gedhe tapi wonge gocik.
"Gak melok-melok aku. Mboke sangar rek. Kapanane Soleh digebeg duren raine bundhas kabeh" jare Togog.
"Omahe lak tingkat. Ngene ae. Awakmu lak gedhe tah. Tugasmu nggendhong aku ambek Gempil. Aku sing ndhik ndukur. Lek wis ketok, aku nyeritakno nang Gempil, terus Gempil nyeritakno nang awakmu." jare Kamut maneh.
"Yo wis setuju." mari ngono arek telu iku buyar ngenteni bengi.
Bengine, sesuai rencana Togog sing paling ngisor, mari ngono Gempil ndhik tengah terus Kamut paling ndukur.
"Areke lagi surian" Kamut mulai cerito.
"Areke lagi surian" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Yo tah?." jarene Togog.
"Areke lagi bukak klambi" Kamut mulai cerito.
"Areke lagi bukak klambi" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Mosok se?." jarene Togog, ambek sikile mulai kemeng.
Moro-moro Togog ndhelok onok sentolop seko kadhoan.
"He rek onok Hansip, age cepetan" mari ngono arek telu iku semburat ndhelik.
Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu. Onoke mek karung telu.
Ambek Hansipe karunge disuadhuk.
Sing pertama isine Kamut, pas disadhuk munine "Meeoong."
"Oooh kucing tibake" pikire hansipe
Sing keloro isine Gempil, pas disadhuk munine "Guk..guk!."
"Oooh kirik tibake"
Lha sing terakhir iku isine Togog, bingung katene muni opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine "Kentaaang !".
 
Terakhir diubah:
Yen Dikongkon Kewalik
Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu. Mari ngono, Pak Imron oleh ewang anyar jenenge Sutaji. Lha Sutaji iku awake dempal cumak wonge ndlahom, lek diperentah musti ngelakonine kewalik.
Isuk-isuk, Romlah ambek mboke ngrasani Sutaji.
"Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge. Wingi lak dikongkon Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk pekarangan. Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggoleki sumure gak onok. Tibake jare Sutaji, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing malah bogang kabeh. Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ".
Mboke Romlah cerito pisan.
"Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon tuku pithik. Aku pesen tulung brutune buaken, terus susuke simpenen ngisore bantalku. Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibake bantalku diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuke. Wis tak buak, jarene."
Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro Pak Imron berok-berok ndhik pawon.
"Tulung ! ! Tulung ! ! "
"Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh kabeh" jare mboke
Romlah.
"Lho Bapak lak sik mbangkong se" jare Romlah.
"Iyo. Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane Bapakmu !!".
 
Fourtwnty featuringan band lain. gini liriknya...

Di the panturas rumahhhh~~
Fana merah jambuuuu~~~
 
artis, artis mana yang punya akun surel?

Saiful Gmail
 
Di sebuah gerobak nasgor

Anak Kecil (AK): bang beli nasgor satu
Abang Nasgor (AN): kumplit?
AK: kumplit bang
AN: pedes nggak?
AK: Mana saya tahu, kan belom nyicipin
Ngeselin ye bwang, abwang mau beli apa ngajak berantem :galak:
 
*SOK TAU...*

"Bro, apa bedanya PHYSICAL distancing sama SOCIAL distancing?"

"Physical distancing untuk anak FISIKA (IPA).
Social distancing untuk anak SOSIAL (IPS)"

"Ooh ... lha kamu ikut yang mana bro?"

"Gak ikut mana2. Aku kan anak BAHASA"

😁😆🤗😆
 
Semongko Diracun
Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.

Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok tulisane ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun"

Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.

Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi " pikire Bunali.

Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh.

Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".
 
Operasi Zebra

Diwoco sek yo... Iki Polisi kabeh sak Indonesia nglaksanake "Operasi Zebra " Bareng-bareng sak Indonesia

Neng operasi iki Polisi luwih mentingke kegiatan preventive seng didukung penegakan hukum kanggo pelanggaran seng marai nyebabke Tabrakan, kejahatan kendaraan lan nulari pirus ...

Sampekke neng Sedulur, tonggo, guru, konco, pacarmu, kimcilmu, mbahmu, pakdemu, mbokdemu, selingkuhanmu lan kabeh handai taulanmu supoyo nglengkapi dokumen kendaraane (SIM karo STNK) BPKB-ne rasah digowo ndak ilang, lebokke pegadaian wae malah oleh duwit. Kelengkapan kendaraan yo dinggo (HELM-e sik standar, ojo ming nganggo cumplung utowo sigaran bal, spion loro kiwo tengen ojo deleh kiwo kabeh, plat nomere seng biasa wae rasah dibentuk-bentuk sing aneh-aneh opo meneh ditulisi jenenge mbahmu ndak malah ketok wong alay.
jo lali nganggo masker sing pantes ( pesenku jo nganggo kathok utowo kutange e bojomu po maneh sing urung di umbah..)

Sing nyopir mobil ojo lali nganggo sabuk pengaman ojo mung nggo pajangan, nek mobile ra ono sabuk pengamane yo nganggo debok garing utowo tali rafia. Sing numpak motor roda 2 supoyo tetep nguripke lampu (awan karo bengi) sing lampune pedot ndang ditukokne, wong tuku rokokwe kuat kok tuku lampu mangewu wae aras-arasen.

Wis yo. Mbok laksanakke yo sukur, ora mbok laksanake nek ono opo-opo yo urusanmu wong aku dudu wong tuamu.. Yo to..?
 
Oleh-Oleh
Paijo sing saiki kerjo neng Jakarta nelpon omah arep takon do pengen oleh-oleh opo seng nompo si Tole anake lanang...

Paijo : "Halo .."
Tole : "Halo.."
Paijo : "Sopo iki..??"
Tole : "Niki tole pak.."
Paijo : "Oalah, kowe to le, bapakmu iki arep mulih, kowe arep njaluk oleh-oleh opo..??"
Tole : "Tole pengen henpon apel pak men saget pamer teng ngajenge Dik Josie niko.."
Paijo : "Oalah gampang kui le, opo neh..??"
Tole : "Kalih yotro sing sing katah damel dolan kalih Dik Josie."
Paijo : "Gampang-gampang nek njalukmu mung kui, jajal mbokmu takoni arep njaluk oleh-oleh opo..??"
Tole : "Mungele simbok nyuwun oleh-oleh kotang wong pun molor kabeh.."
Paijo : "Wah ora iso le nek sing koyo ngono, jajal liyane.."
Tole : "Nek mboten kotang mungale cawet mawon wong pun do suwek.."
Paijo : "Ora iso le nek njalukke kui, mbok ganti liyane koyo henpon, jam tangan, kalung, cincin ngono lho..."
Tole : "Lha emange nopo to pak kok mboten saged..??"
Paijo : "Angel nyopet-e!!"
 
Oleh-Oleh
Paijo sing saiki kerjo neng Jakarta nelpon omah arep takon do pengen oleh-oleh opo seng nompo si Tole anake lanang...

Paijo : "Halo .."
Tole : "Halo.."
Paijo : "Sopo iki..??"
Tole : "Niki tole pak.."
Paijo : "Oalah, kowe to le, bapakmu iki arep mulih, kowe arep njaluk oleh-oleh opo..??"
Tole : "Tole pengen henpon apel pak men saget pamer teng ngajenge Dik Josie niko.."
Paijo : "Oalah gampang kui le, opo neh..??"
Tole : "Kalih yotro sing sing katah damel dolan kalih Dik Josie."
Paijo : "Gampang-gampang nek njalukmu mung kui, jajal mbokmu takoni arep njaluk oleh-oleh opo..??"
Tole : "Mungele simbok nyuwun oleh-oleh kotang wong pun molor kabeh.."
Paijo : "Wah ora iso le nek sing koyo ngono, jajal liyane.."
Tole : "Nek mboten kotang mungale cawet mawon wong pun do suwek.."
Paijo : "Ora iso le nek njalukke kui, mbok ganti liyane koyo henpon, jam tangan, kalung, cincin ngono lho..."
Tole : "Lha emange nopo to pak kok mboten saged..??"
Paijo : "Angel nyopet-e!!"
Tenang wae le, mengko tak wenehi kutang mbek cawete dek Josie gawe simbok =)) barter henpon nggeh wkwkkw ..
 
Gaple Online Indonesia
Pasang iklan hanya lewat CONTACT US
Back
Top
We are now part of LS Media Ltd