Agen Terpercaya  
 
Pasang iklan, hanya lewat Contact Us.
Waspada penipuan iklan. Klik di sini untuk melihat daftar penipu.

Keluarkan Receh Kalian, Lucu Ga Lucu penting Receh

Njaluk Karo Jin
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat.
"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin
apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.
"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro -moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange."
jarene Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro -moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi tahu...
 
Hmmm talah gak lidok, keblasuk maneh Kayat 🙈 untung dadi tahu, kenek gawe lawuh buko poso 🤭

Selamat berbukaa puasaa semua 😍
 
Nyumet Mercon
Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus.
Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho
sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok
nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir.

Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.

"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone tak
sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.

"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok,
mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep
rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.

"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok guwung
kabeh ?" takok Kentir maneh.

"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran liwat"

"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek
sing lanang " jare Kentir kemeruh.

"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.

"Opoko lho . .?" takok Kentir.

"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."
 
Sakwijining Salesman
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko dhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung
nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot,
tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".
"Lho opoko masalae ?" salesmane takok.
"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."
 
Vakum klinernya make batre masjrot kek senter hansyip =)) duh disambelno, ditambahi sego anget² .. mak nyussss!! wkwkwk
 
Sakwijining Salesman
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko dhik omahku.
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung
nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot,
tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."
Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".
"Lho opoko masalae ?" salesmane takok.
"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."

Bikin ngakak banget... Gak ngerti artinya😅
 
Ngumbah Kucing
Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?" takok Bunali.
"Aku katene ngumbah kucing" jare Wonokairun.
"Gak salah tah Mbah." Bunali bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumane." Jare Wonokairun.
"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Bunali ngilingno.
"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo" jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
"Yok opo kucing sampeyan Mbah ?" takok Bunali.
"Kucingku mati " jare Wonokairun.
"Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik
diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo" jare Bunali nyeneni.
"Kucingku mati gak mergo rinso" jare Wonokairun njelasno.
"Opoko lho ??" Bunali gak sabar.
"Tak peres . . . ."
 
Gaple Online Indonesia
Pasang iklan hanya lewat CONTACT US
Back
Top
We are now part of LS Media Ltd